Doelgerig vir Microsoft-ekosisteme.Tujuan dibangun kanggo ekosistem Microsoft.

ADManager Plus minangka solusi berbasis web kanggo kabeh kabutuhan manajemen AD, Kantor 365, Exchange, G Suite, lan Skype for Business/Lync, G Suite, lan kabutuhan manajemen Office 365. Solusi iki nyederhanakne sawetara tugas rutin kayata panyedian pangguna, ngresiki akun sing turu, lan mengelola idin NTFS lan berbagi. Solusi iki uga nawakne luwih saka 150 laporan pra-paket, kalebu laporan akun pangguna AD sing ora aktif utawa dikunci, lisensi Office 365, lan wektu login pangguna sing pungkasan, kanthi opsi kanggo nglakoni tindakan manajemen langsung saka laporan kasebut. Iki kalebu struktur workflow kustom kanggo penerbitan tiket lan kepatuhan, lan otomatisasi tugas AD rutin kayata panyediyan lan pembatalan panyediyan pangguna. ADManager Plus uga nawarke aplikasi seluler iOS lan Android.

  • Manajemen Active Directory
  • Mengelola Active Directory (AD) supaya dadi luwih simpel lan gampang amarga ana fitur kanggo tugas sing sering ditindakne kayata nggawe akun pangguna kanthi bebarengan ing AD, Office 365, Exchange, G Suite lan Skype for Business/Lync; ngowahi akun pangguna, keamanan lan kelompok, kontak, lan komputer distribusi. Template penyedian lan penyedian ulang akun reaktif isa dikustomisasi kanggo ngowahi panggawen lan pangubahan akun AD dadi operasi siji langkah sing luwih cepet, ora kaya alat Microsoft sing njelimet kayata ADUC lan PowerShell.
  • Pelaporan Active Directory
  • Perpustakaan laporan terpasang ing ADManager Plus kalebu luwih saka 150 laporan sing ngumpulke informasi terperinci babagan saben perkara AD mung nganggo siji klik mouse. Perpustakaan iki ngumpulke data penting kayata sandi sing wis kedaluwarsa lan ora aktif utawa pangguna sing dinonaktifke; wektu-nyata login pangguna, daftar kelompok distribusi lan keamanan lan anggotane, laporan idin NTFS lan berbagi, lan laporan kepatuhan (SOX, HIPAA, PCI, lan liya-liyane). Perpustakaan iki uga dilengkapi fitu tata-jadwal laporan kanggo nggawe lan ngirimke laporan sing dibutuhke liwat email kanggo kabeh pihak sing duwe kepentingan ing wektu sing wis ditemtokne.
  • Pelaporan lan Manajemen Office 365
  • ADManager Plus nawakake kanggo administrator kemewahan manajemen lan pelaporan Office 365 berbasis cloud lan kabeh perkara AD, saka siji konso, kanthi gampang. Piranti Lunak iki nawakne kemampuan nggawe akun Office 365 kanggo pangguna babarengan nalika nggawe akun AD, nggawe akun Office 365 kanggo pangguna AD sing wis ana, menehi utawa nyabut lisensi massal; ngelola kotak surat pangguna Exchange Online, kotak surat berbagi, kotak surat kamar, peralatan kotak surat, kotak surat nganggo tautan, lan sakpanunggalane.
  • Piranti lunak iki juga nawakake perpustakaan laporan Office 365 sing kalebu laporan kanggo kabeh pangguna, sing ora aktif, ora nate login lan pangguna sing duwe ActiveSync, pangguna sing duwe lisensi lan sing ora duwe lisensi, perincian lisensi, kelompok distribusi lan keamanan lan anggotane, lan kotak surat berbagine. Kabeh laporan iku isa dijadwalke kanggo digawe kanthi otomatis lan dikirim liwat email menyang akeh pangguna ing macem-macem format kayata CSV, PDF, HTML lan Excel.
  • Pelaporan lan Manajemen G Suite
  • ADManager Plus uga mbiyantu administrator nggawe akun pangguna ing G Suite, babarengan karo nggawe akun pangguna ing AD. Piranti lunak iki nawakake kemampuan kanggo nggawe pengguna ing G Suite kanthi cara tunggal, massal liwat impor CSV, lan kanthi cara otomatis. Piranti lunak iki uga nawakake laporan trpasang kanggo ngumpulke perincian babagan kabeh pangguna G Suite sing aktif lan sing nembe dinonaktifke. Laporan iki uga isa digawe kanthi cara otomatis ing wektu sing ditemtokne liwat penjadwal laporan.
  • Workflow Active Directory Berbasis Persetujuan
  • Workflow mbiyantu administrator kanggo ngrampingne kaleksanan tugas AD. Workflow multi-level ngidini administrator kanggo ngatur langkah sing beda kayata panjalukan, review, persetujuan lan kaleksanan, kanggo operasi AD. Kanthi nyetandarne proses njalanke tugas AD, workflow mbiyantu administrator mesthekake kepatuhan karo standar IT wajib lan kawicaksanaan organisasi kanthi gampang. Workflow iki nduwe pameneh tugas lan pepeling terpasang sing mbiyantu administrator ing nemtokne aturan kanggo panugasan otomatis kanggo teknisi terkait, lan ngirim notifikasi email babagan status panjalukan AD kanggo kabeh pihak sing duwe kepentingan. Workflow uga mbiyantu administrator ngatur sistem manajemen AD berbasis tiket.
  • Otomatisasi Active Directory
  • Administrator isa njalanke tugas AD tunggal kanthi cara otomatis kayata reset sandi, utawa ngaktifke, nonaktifke lan mbukak kunci akun, ngelola lisensi Office 365, malah kabeh tugas rutin AD kalebu urutan tugas, sing kudu dilakoni ing interval sing wis ditemtokne, kayata resik-resik AD sing kalebu nemokne lokasi pangguna sing ora aktif, terus dinonaktifke, mindhah pangguna kuwi menyang unit organisasional terpisah (OU), lan mbusak pangguna kuwi. Kajaba kuwi, otomatisasi kaleksanan ADManager Plus sing bebas saka kesalahan uga isa ngirit wektu lan tenaga.
  • Manajemen lan Pelaporan Skype for Business/Lyncg
  • Sakliyane AD, administrator uga isa ngelola lan nglaporne ing lingkungan Skype for Business/Lync nganggo ADManager Plus. Fitur iki nawakake kemampuan kanggo administrator kanggo gawe akun pangguna ing Skype for Business/Lync/LCS/OCS cara tunggal, massal, babarengan nalika nggawe akun ing AD. Sakbanjure, fitur iki mbiyantu administrator kanggo ngaktifke, nge-nonaktifke utawa mbusak akun pangguna, nugasi, nugasi ulang, utawa mbusak kawicaksanaan sing ditugasne kanggo pangguna ing lingkungan Skype for Business/Lync/LCS/OCS. ADManager Plus uga nawakake laporan sing dikonfigurasi sakdurunge kanggo mbiyantu sampeyan nglacak pangguna Skype for Business/Lync/LCS/OCS sing diaktifke lan dinonaktifke ing organisasi sampeyan.
  • Integrasi
  • Kanggo nyederhanake manajemen AD, ADManager Plus nggabungne aplikasi meja bantuan kayata ServiceDesk Plus, ServiceNow lan Zendesk kanggo mbiyantu manajemen pangguna AD langsung saka alat meja bantuan, database kayata Oracle lan MS SQL kanggo nggawe akun pengguna kanthi cara otomatis ing AD sanalika data pangguna anyar ditambahke ing database, lan aplikasi SIEM.
  • Delegasi Meja Bantuan Active Directory
  • Peran sing aman lan delegasi berbasis OU ing ADManager Plus mbiyantu administrator ing ndelegasekne tugas-tugas AD kanthi aman kanggo teknisi meja bantuan, non-IT utawa pangguna sing ora mudeng teknis. Kanthi ngakses berbasis profil menyang fitur manajemen AD, delegasi iki njamin teknisi bakal mung nglakoni tugas sing didelegasikne, ing OU sing ditemtokne, nggawe operasi delegasi iki tenan aman. Administrator wis ora perlu mbuwang wektu ing nglakoni tugas sing berulang lan mboseni kayata reset sandi lan mbukak kunci akun. Sakbanjure, kanthi laporan audit meja bantuan terpasang, dadi gampang ndelok jejak audit saka kabeh tindakan sing dilakoni dening teknisi meja bantuan.
  • Manajemen lan Pelaporan Server Microsoft Exchange
  • ADManager Plus mbiyantu ngelola macem-macem versi lingkungan Exchange (Exchange 2003, 2007, 2010, 2013 lan Exchange Online) uga nggampangke kanggo nggonta-ngganti konsol lan alat kanggo ngelola lingkungan AD lan Exchange. Administrator isa nglakoni tugas manajemen Exchange kayata nggawe, ngowahi, lan migrasi kotak surat, manajemen hak kotak surat, panugasan utawa pembatalan Kewicaksanaan Exchange lan sakliya-liyane kanggo akeh pangguna lan kelompok, nggawe lan ngelola kelompok distribusi lan kelompok distribusi dinamis lan liya-liyane. Tugas khusus Exchange uga isa didelegasikne kanggo teknisi meja bantuan.
  • Kanthi laporan khusus Server Exchange sing unik iki, ADManager Plus nggawe pelaporan Exchange kanthi luwih gampang lan dilakokne kanthi temen berbasis UI. Perpustakaan laporan Exchange kalebu laporan babagan pangguna sing diwenehi hak kotak surat, daftar distribusi lan anggotane, kelompok sing diwenehi hak kotak surat, pengguna sing ngaktifne utawa ora ngaktifne OMA/OWA/ActiveSync, lan sakpanunggalane. Kabeh laporan iki uga isa digawe kanthi cara otomatis lan dikirim menyang akeh pangguna ing macem-macem format kayata XLS, PDF, HTML lan CSV nganggo email.
  • Aplikasi Seluler iOS lan Android
  • ADManager Plus nawakake aplikasi seluler iOS lan Android kanggo mbiyantu administrator lan teknisi AD nggawe akun pangguna AD, reset sandi pangguna, ngaktifke, nonaktifke lan mbusak akun pangguna lan komputer, lan reset komputer, saka ngendi wae, sanajan lagi ing dalan.
  • Kanthi akeh fitur kanggo manajemen lan pelaporan ing Active Directory, Office 365, Exchange, G Suite, lan lingkungan Skype for Business/Lync, saka konsol tunggal, ADManager Plus wis dadi kanca sing isa dipracaya para administrator global ing macem-macem organisasi, gedhe lan cilik!

ADManager Plus Trusted By